Asyhadu An Laa Ilaaha Illallaahu
Wa Asyhaduanna Muhammadar Rasuulullah

Sinten Nabine
Sinten Malaikate
Sinten Pengerane

Nangndi Dununge
Yen Manjing Apa Wujude

Muhammad Nabi
Jibril Kang Suci
Allah Ya Rabi

Dunung Ing Galihe Ati
Dudu Telu Nanging Siji

Manjing Ing Rasa Sejati
Kawujudane Nur Illahi

Mboten Kenal Lahir
Uga Mboten Kenal Pati

Kula Nyekseni Mung
Gusti Allah Pengeran Kula

Kula Uga Nyekseni
Muhammad Utusan Allah